Asal-usul Kesenian Barong Kemiren

ASAL USUL KESENIA BARONG MASYARAKAT KEMIREN BANYUWANGI


Barong mujudake salah sawijine kabudayan kang isih ngrembaka ing Banyuwangi mligine desa Kemiren. Era globalisasi ora ngowahi masyarakat kemiren nyengkuyung kabudayan kang wis dadi turun temurun. Barong Kemiren nduweni wujud kaya ta kewan kang nduweni rupa ala. Barong Kemiren mujudake simbolik urip masyarakat kemiren. 
 Miturut salah sawijine budayan Banyuwangi Hasnah Singodimayan mula bukane Barong Kemiren saka carita nene moyang rikala biyen. ing jaman biyen ana pawongan ayu asamane Ja'rifah. Ja'rifah minangka pawongan kang rupane ayu, mula akeh wong sing nggoda. amarga rupane sing ayu kuwi mula Ja'rifah dijaga karo Barong. Barong mujudake kewan sing rupane ala, krana rupane ala akeh sing wedi, senajan ala barong nduweni rasa welas asih, jaga Ja'rifah. Mula Barong diarani simbol kepahlawanan
Yen miturut Ki Galih Kidung mula bukane barong Kemiren saka tradhisi Cina. Ing abad VII nganti abad X barong china mlebu ing jaman Majapahit. Barong Kemiren isih kabur asal usule. Akeh masyarakat mangerteni yen Barong kuwi mujudake kesenian khas Bali. Senajan Banyuwangi nduweni kesenian Barong, kuwi isih ana sesambungane karo tlatah Bali. 
Crita liya ngenani mula bukane Barong Kemiren saka Bapak Sujipta guru kesenian SMA Negeri 1 Purwoharjo. Miturut bapak Sujipta ing tahun1647, ana pawongan kanthi asma mbah Tompo kag ngimpi njaluk digawekne barong. Mimpi iku dianggpe pitutur ghoib. Sesuke Mbah Tompo karo Mbah Shoib nggawe Barong bareng. 
Saka carita-carita kana mau mula Barong dianggep warisan lelehur. Nganti saiki Barong isih diuri-uri ing masyrakat Kemiren. Kesenian Barong dianggep isih ana sesambungane karo patilasae mbah Chili. Mbah Chili mujudake pawongan kang babat alas desa Kemiren. Mula Barong Kemiren isih dibabar ing acara ritual Ider Bumi saben sasi Syawal.

0 komentar:

Posting Komentar