Legenda Desa Macan Putih Kecamatan Kabat Kabupaten Banyuwangi “Cerita Prabu Tawang Alun”

\
Legenda Desa Macan Putih Kecamatan Kabat Kabupaten Banyuwangi
 “Cerita Prabu Tawang Alun”
Nama :Narudin 
Umur : 60 taun
Jeni Kelamin: Pria
Pekerjaan:Juru Kunci Petilasan Prabu Tawang Alun.
Bahasa : Jawa-Osing
Alamat : Desa Macan Putih Kecamatan Kabat Kabupaten Banyuwangi
Nama: Drs Sutjiptono
Umur :65 taun
Jenis Kelamin Pria
Pekerjaan: Guru sejarah dan Budaya Daerah Banyuwangi
Alamat : Jajag









LEGENDA  DESA “MACAN PUTIH” KECAMATAN KABAT KABUPATEN BANYUWANGI
“CARITA PRABU TAWANG ALUN”

            Kerajaan Tawang Alun mujudake salah sawijine kerajaan ing talatah Banyuwangi. Mula bukane jeneng Tawang Alun jalaran dipimpin dening Raja Tawang Alun.  Patilisan Macan Putih saiki ana ing desa Macan Putih Kecamatan Kabat kabupaten Banyuwangi.  Miturut bapak Narudin minangka Juru kunci patilasan Prabu Tawang Alun mbabarake carita yen masa kerajaan  Tawang Alun ana ing periode 1655-1691. Masa kejayaane kerajaan Tawang Alun bibar kerajaan Blambangan kang dipimpin dening Raja Minakjingga. Wilayah kekuasane kerajaan Blambangan  punjere ana ing  Srono megidhul – ngulan nganti tekan alas purwa, yen  kakuwasanane Tawang Alun saka daerah Kabat Tekan Banyuwangi kutha,  Prabu Tawang Alun mujudake Ratu kerajaan kang nggugemi banget marang rakyate saengga kerajane bisa loh jinawi,  rakyat tentrem ora kurang pangan.  Mula rakyat pada remen banget kaliyan Prabu Tawang Alun. Bab kana mau  njalari  adhine Tawang Alun  Wira Brata cemburu.  Cemburune Wira Brata  nuwuhake peperangan saudara. Wira Brata nduweni sipat  kebandhing kuwalik kaliyan Prabu Tawang Alun, Wira Brata nduweni sipat kasar lan sekarepe dhewe, Wira Brata kepingin  alih kakuwasaan karo Prabu Tawang Alun, nanging Prabu Tawang Alun wedi yen Wira Brata ora bisa mimpin kerajaane.
Nalika Perang karo Prabu Tawang Alun, Wira Brata dibiyantu  kaliyan Prabu Gingsing, nanging  Wira Brata mati ing tangane Prabu Tawang Alun. Patih Gingsing ora terima, dheweke banjur perang  karo Prabu Tawang Alun.  Pungkasane Prabu Gingsing  ya mati ning  tangan Tawang Alun,
            Perang sedarah kuwi njalari Prabu Tawang Alun getun, Prabu Tawang Alun rumangsa salah  mateni adhine, dheweke dadi murung , mula kuwi prabu Tawang Alun banjur tapa, Prabu Tawang Alun tapa ana ing Gunung Raung.  sasuwene tapa Prabu Tawang alun keprungu swarane wong ngomong “HEI NGER ANAKKU, KOWE KOK KEPENAK-PENAKEN TAPA ING KENE, AGE SADARO MENGKO YEN ANA MACAN PUTIH MLAYU MRENE  KUWI KEWAN KANG BAKAL DADI KEDARAANMU, KENDARAAN SING NGANCANI KOWE SABENDINA”
Keprungu swara kaya mangkan Prabu  Tawang Alun banjur sadar  lan meruhi macan putih sing arep mateni Prabu Tawang Alun, pungkasane Macan Putih kalah lan lulut kaliyan Prabu Tawang Alun.
Nalika lagi mlaku karo Prabu Tawang Alun, Macan Putih mendhek ana ing salah sawijine panggonan desa kang asri,  mula panggonan kuwi dijenengi desa MACAN PUTIH kang ana ing kecamatan Kabat kabupaten Banyuwangi, jeneng Tawang Alun kuwi saiki digawe jeneng desa Tawang Alun ing kecamata Kabat lan didadekake  jeneng terminal Tawang Alun ing kecamatan Genteng. Bapak Narudin babarake yen patilasane kuwi ditemokake tahun 1964 liwat si mbahe bapak Narudin. Bapak Narudi mujudake juru kunci no 2 bibar bapake amarga juru kuncinepun dilakoni turun tinurun  

0 komentar:

Posting Komentar