GURIT TANPA WARNA



Sajake gurit tanpa warna
Biyen iki rame nanging saiki tanpa warta
Sajake clurit tanpa makna
Biyen iki kanggo saiki ditilapna

Pancobane Gusti ya kudu ditampa
Yen bungah aja kebunggah
Yen ala aja kuciwa

Merga urip mung kanggo dina iki
Tetepa ngupaya
Senajan durung nemu apa kang pandonga


                                                            Banyuwangi, 09 Februari 2012 

0 komentar:

Posting Komentar