SUMUR RANDU 3 UTAWA SUMUR AJAIB Ing Desa Sumberasri . Kec Purwoharjo Kab . Banyuwangi

Nama : Erlik Citra Budiarti ( 102114234)
Kelas : 2010 B


SUMUR RANDU 3 UTAWA SUMUR AJAIB
Ing Desa Sumberasri . Kec Purwoharjo Kab . Banyuwangi


Papan wisata bedhul menika yaiku papan kang isih anyar ing provinsi Jawa Timur . Papan menika kang kasebut “wisata bedhul “ utawi  “Hutan magrove”
Papan wisata bedhul menika wonten ing Dsn. Bloksolo Desa Sumberasri Kec. Purwoaharjo Kab. Banyuwangi. Kathah tiyang kang nekani wisata menika kanggo ngrasake endahing wisata menika.
Kejaba pangenan kang asri lan endah, ing sisih pojok kiwane wisata bedhul menika wonten sumur kang bisa diarani sumur randu 3.  Sumur kang dibagun saking pengeboran sasuwene 3 dina lan ana ing ngisore wit randu cacahe 3  . Mula dijenengi sumur randu 3. Tujuwanipun bangun sumur menika yaiku perlangkapanipun wisata, lan panggenan wudhu . Sumur kang dibangun 3. Mula dijenengi Sumur Randu 3  tahun 2009. Wiwitan sumur menika namung kanggo sarana – prasarana wisata bedhul, nanging salah sawijine dina wonten salah suji masyarakat kang nunut adhus, tiyang menika crita yen anduweni lara “asam Urat” saksampunipun adhus nganggo banyu sumur menika, tiyang niku kandha yen dheweke ngarasake kapenak banjur waras.saksampunipin kadadeyan menika salah sijine warga kang sampun nginakaken banyu sumur iku nyembaraken keajaibane sumur menika (kandhane salah suwijine penjaga wisata ).
Saksampunimpun kadadeyan menika wartanipun sumebar ing daerah liya.  Kathah masyarakat pada nekani lan ngarasakake manfaate sumur menika, mangka sumur menika , pupuler jenenge sumur Ajaib amergi bisa marasake penyakit – peyakait utamaning lara Gatel – gatel. Yen banyu iki bener – bener gawe waras mangka , tiyang – tiyang menika nyukani artha ing kotak amal, miturut salah suwijine panjaga wisata menika kathah ingkang nyukani artha lan kathah ingkang waras saksampunimpun ngango banyu kasebut.  Saka Sumbangan Banyu menika sumur ajaib saged agsal 500.000/ minggu


Miturut salah suwijining penjaga pantai , Sumur iki isih dadi misteri amergi apa pancen bener – bener sumur iki ajaib utawi asil alami saka kakeyaane alam amergi kita inggih magertosi yen panggenan sumur menika wonten ing alas baku dados kathah  miniral kang kinandhut saka banyu kasebut.


DITULIS 26 DESEMBER 2011 (TUGAS AKHIR SEMESTER 3)

0 komentar:

Posting Komentar