TRADHISI MANTENAN “ADU TUMPER” ING KABUPATEN BANYUWANGI


Nama          : Erlik Citra Budiarti
Nim            : 102114234
Kelas          : 2010B

TRADHISI MANTENAN “ADU TUMPER” ING KABUPATEN BANYUWANGI

          Saka tembung “adu” lan tumper, ing Banyuwangi “adu” tegese diadu utawa ditepangake antarane kekarone “tumper” yaiku bara api ing sebatang kayu bakar sing digawe gendhok kang diarani bongkok, Adu tumper yaiku nglebokake rong tumper utawa bongkok kasebut dilebukake wadah lan diobong.
          Adu tumper nduweni teges yaiku tetepangane perjaka kaliyan perawan, prosesi adu tumper dilakoni kaliyan manten kang nduweni status anak mbarep. Adu tumper dilakoni sawise akad nikah wektu surup
Prosesi Adu Tumper ing antarane yaiku
1.     Persiapane Manten
Kanthi Musik Khas Banyuwangi miwiti prosesi Adu tumper, Perias nyipakake perlatan ing sawijine adah kang isine kembang setaman kang dijangkepi kaliyan suwer penyiram, tumper, perepen lan kain lawon utawa kafan, sepasang kelapa gadhing kang ana ukirane Rama kaliyan Shinta, sapasang colok lan kupat luwar, beras kuning poletan, buras kuning kanthi dhuwit logam lan blencong sawise kabeh kuwi jangkep keprungu swaara hadrah pratanda iringane manten lanang, banjur manten putri nyipakake awak.



2.     Tekane Manten Lanang
Iring-iringane  manten lanang diwiwiti kaliyan tarian rondat nari sadawane dalan kanthi gerakan khusus seangga bentuk dalan anatarane manten lanang lan wadon  saka mburi ditutne manten lanang saka tandu, perlengkapan kaya peningset, rampadan, bokor kendi, bantal klasa, pikulan punjeng, tumper lan ana perwakilan saka manten lanang kayata pakdhe lan budhene lan ing burine  penari rodat, wektu manten lanang teka manten wadon nemoni manten lanang lan milu munggah tandu banjur dikirap.
3.     Aktrasi Kekaro Pawang
Sawise kirap rampung,  lan dilanjutake kaliyan aktrasi kekaro pawang, kekaro pawang makili wong tuwa manten lanang lan wadon minangka penemu.
4.     Acara Temon
Ing acara iki pawang dipimpin kaliyan juru rias nemokake kekaro mempelai minangka tetepangane kekaro manten lanang lan wadon kanthi nemokake jempolan sikil kanthi mempelai sinimabi didogani.
5.     Acara salam Kobul
Sawise acara temon banjur diterusakake kanthi acara Salam Kobul dipimpin kaliyan juru rias, kekaro mantenan nyuwun do’a restu marang wong tuwane (sungkem) kanthi nyuwun do’a restu supaya dikabulne kakarepane.
6.     Acara Kupat Luwar
Kekaro wong tuwa nglakoni acara iki kanthi bathek ujung ketupat, ketupat kuwi isine beras kuning supaya kebukak lan beras kuning kuwi semburat, kanthi kupat luwar tujuwane “ngluwar” yaiku  bikak kabeh kang katutup lan tujuwane ngilangi kabeh balak sadurunge bukak urip bebrayan.

7.     Acara Ngosek Pojen
Acara iki dilakoni kanthi cara, salah sawijine pawang depek kain lawon kang digawe gendhong pujen , ing ngarep pelaminan didepekne amba, banjur manten adep-adepan ing ngarepe lawon lan ditutake kaluwargane, salah sawijine pawang depekake isi kantongan kasebut isine sandak salawe lan ndhuwit asile mupu ing kain lawon dikosek munyer
8.     Adu tumper
Acara iki yaiku acara pokok yaiku nepangake kekalih tumper  ing bara apine banjur dipateni kathi banyu kembang setaman “suwur” adat menika nglambagake supaya kekaro manten bisa nyawijikake pambedha sajrone urip bebrayan.
9.     Acara Poletan
Sawise adu tumper  banjur nganakake acara poletan yaiku mempoleskan campuran tepung beras kuning kang wis disipake lan diolesake menyang sikile manten lanang lan wadon pratanda manten lanang lan wadon sah dadi suami-istri
10.                        Nglangkahi Tumper
Kekaro mempelai  mlaku jejer nglangkahi tumper mlaku menyang pelaminan lungguh bareng minangka raja lan putri ngergani tamu undangan


 30 04 2013 (Tugas Akhir  Tradhisi  Jawa Semester 6)

0 komentar:

Posting Komentar